SELAMAT DATANG DI BLOG CILIBUR COMUNITY

==========================================================================================

======================================================================================================

Minggu, 19 Desember 2010

Wong cilibur jalan jalan nang mall

           Malam minggu wong telu pada kumpul, pada pada wong cilibure. Bingung arep apa langka rencana,padahal pingin banget ngilangi judek nang pikiran seminggu berkutek ning aktifitase dewek2, ana seng kuliah golet ilmu seng bermanfaat kanggo masa depan ana sing kerja golet duit kanggo mbesuk go sangu mbojo.

            Bingung arep apa akhire mutusna pingin jalan jalan nang mall pingin weruh kaya apa seng arane mall jerene nang mall apa bae ana,sampe mutu karo usel ya ana jan pepek temenlah. Jan jane kebetulan malle ra adoh saka kost kosan akhire wong telu  maring mall bareng bareng pakeane wes pada nyetil nyetil lah jere dewek ben ra ngisin ngisini masa arep dolan nang mall nganggo color karo sarung sih di geguyuni  wong akeh di kira arep ronda. Pokoke nganggo jeans karo kaos lah sandal barang tapi dudu sandal jepit seng rada lumayan lah sandal sandal seng ana mereke mbuh merek bikapil mbuh apa,eh salah merek carvile hee.
            Mlaku nang dalan arep nyebrang bingung  motor mobile akeh nemen wira wiri ora mandeg mandeg ngasih ngenteni sue nemen, bingung akhire golet jalur sebra kros seng lerek lerek putih kaya ula welang, ora ana priben kyeh wes nghono mobil motore ora mandeg mandeg wong jenenge kota besar ya akeh mbok kendaraane apa maning malem minggu bocah bocah enom  hengsih seng wes due pacar pada  mojok seng hurung due pacar pada ngengsreng mbuh ning di bae lah,seng keluarga ya pada dolan2 mbutah blanja blanja pa mangan mangan nang warung pa restoran seng larang pa seng murah. Akhire gelem ra gelem nekad nyebrang dari pada kesueen bingung kaya kethek ditulup lingak linguk.
            Sepuluh menit mlaku akhire anjog juga mareng seng jenenge mall,wah gede nemen ya megah banget..mbuh lante pira kwe dewur banget coale. Mlebu wah jan bener tenan jere wong wong apa bae ana nggolet apa bae ana pokoke pepek banget kaya pasar tapi seng teka karo seng teka wong seng sugih sugih tok karo seng due duit. Jan rame tenan nang jero cah cililik tua enom lanang wadon ana kabeh,seng arep blanja,jalan jalan apa seng mejeng mejeng tok ya ana lengkap lah. Pingin munggah nang lante ndewur bingung tangga seng  nggo munggah ora ana,ananne tangga seng bisa jalan dewek hebat ya canggih tenanan masa ana tangga bias jalan dewek. Pingin munggah bingung arep numpak  tangga seng bisa jalan wedi mbok tiba tapi ya kepriben maning dalane kur siji tok kuwi, wes terpaksa numpak bareng bareng cekelan kenceng nemen mbok tiba.jebule seng mudun ya ana penak ya ra kesel munggah mudun tanggane jalan dewek jere wong aku takon arane escalator,mbuh apa kwelah es cendol pa es campur ra ngerti angel nemen arane.ana maning sing jenenge lif bentuke kaya kotak kya kandang manuk mlebu nang jero eh ngerti ngerti wes pindah tempat jan hebat tenanan kaya sulap bae ya.pokoke mantap lah… jalan jalan nang mall bisa refreshing mbutah ora tuku mbuh apa kor jalan jalan tok lumayan kanggo refreske pikiran sing jludreg,tapi ya ngita ngitani. Ngesuk ngesuk bisa nggo  crita cerita karo konco2 nang kampong.wes semene bae critane.
Suwun yaw is maca…